Wikipédia:Pendhapa

Le Havre (pocaping cara Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing laladan Prancis. Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel. Le Havre punika laladan ingkang kathah piyambak populasinipun Komune Prancis wonten ing laladan Haute-Normandie, sanajan cacahipun warga ingkang kathah piyambak ing konurbasi La Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing laladan Rouen. La Havre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille.
Maos salajengipun ...- 1886 - Sawetawis 400.000 berah wonten ing Amérika Sarékat dhémonstrasi ageng-agengan.
- 1890 - Dinten Berah ingkang sapindhah dipunpèngeti déning berah-berah ing sawetawis negari.
- 1941 - Citizen Kane, salah satunggaling filem ingkang dipunanggep paling saé salaminipun, wiwit dipunputer.
- 1969 - Pasukan panerjun payung Indonésia mandhap ing panggénanipun tiyang-tiyang mbaléla ing Irian Kilèn.